الحمد لله الذي رفع
من أراد به خيرا بالعلم والإيمان، وخذل المعرضين عن الهدى وعرضهم لكل هلاك وهوان.
وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، الكريم المنان، وأشهد أن محمدا عبده
ورسوله الذي كمل الله له الفضائل والحسن والإحسان، اللهم صل وسلم على محمد وعلى
آله وأصحابه والتابعين لهم مدى الزمان. أما بعد، فياأيها المسلمون أوصيكم وإياي
بتقوى الله عز وجل والتَّمَسُّكِ بهذا الدِّين تَمَسُّكًا قَوِيًّا. فقال الله
تعالى في كتابه الكريم، أعوذ بالله من الشيطان الرجيم “يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُون.
Para rawuh sidang jumat ingkang
berbahagia
Mangga kita tansah ningkatan pengabdian
kita dumateng Allah subhanahu wataala sarana taqwa ingkang sak
leres-leresipun. Inggih punika nglampahi perintah lan nebihi laranganipun kanti
ilmu ingkang dipun warisaken para Nabi dumateng para ulama kanthi dasaring iman
dumateng Allah SWT.
Para rawuh ingkang minulya…..
Allah ta’ala sampun
paring dawuh dateng al-Qur’an ingdalem surat al-Hajj ayat 37.
Artosipun :
“Ora bakal tumeko daging
lan rahing unta marang Allah lan tetapine ketakwaan saking sira kabeh kang
tumeka marang Allah. Kaya mengkono iku Allah nundukaken unta kanggo sira kabeh
supaya sira ngegungake marang Allah ingatase perkara kang deng pituduhake
marang sira kabeh. Lan paringana kabar bungah marang-marang wong kang agawe kebagusan”.
Kaum Jahiliyah ingdalem sakwusana jaman kuna sampun
sregep anggenipun ngramut Ka’bah. Ananging ingdalem wilayah ketauhidan tansah
kathah nglampahi keyakinan ingkang luput. Salah setunggaling cara ngleksanaaken
sesembahan dumateng pengeranipun kanti nglumasi Ka’bah mawi getih lan
dagingipun hewan Unta ingkang sampun dipun sembelih. Menika ingkang sampun
kalampah mataun-taun kanti keyakinan mbok bilih pengeranipun nampi
sesembahanipun. Lajeng kaum Muslimin ingdalem ngleksanaaken ibadah kurban saweg
niru dumateng cara lan perilakunipun kaum Jahiliyah menika sahingga ayat punika
tumurun kanti tujuan ngleresaken keyakinan ingkang luput. Awit pengeran ingkang
Maha Sugih lan tebih saking sifat cacat lan kirang saestu mboten mbetahaken
rupa barang wadag lan kasat mripat menika. Kanti syariat kurban menika,
nglumasi Ka’bah mawi daging lan getih sampun dipun lereni kanti wontenipun
ibadah kurban ingdalem wekdal Riyaya Kurban.
Para rawuh ingkang
minulya…..
Mbok bilih mangertosi
wontenipun dawuh saking Allah kalawau, ingkang dados punjeripun makna kurban
mboten manggen dateng wujudipun kurban ingkang sarwo wadag lan kasat mripat.
Ananging dateng ketakwaan kula panjenengan sedaya. Menika nuduhaken mbok bilih
kurban kedah dipun mangertosi gandeng kanti ketakwaan. Mbok bilih tiyang kurban
mboten dipun sarengi mawi sifat ketakwaan, kamangka kurban menika mboten nuju
dateng tujuanipun. Awit Allah ta’ala mboten nampi kurbanipun ananging wujud
ketakwaan ingkang bakal tumuju dateng Allah SWT. Kurban namun dados sarana nuju
dateng keridaanipun kang Maha Kuwaos kala wau. Sami kaliyan sifat manut ingkang
dipun cawisaken Nabi Ibrahim ingkang sarwa mituhu dumateng perintahipun Allah
mawi ngurbanakan putra kinasihipun, Ismail a.s. Mbok bilih mekaten sifat
ketakwaan saged dipun mangertosi saking sifat manut lan tebih duraka dumateng
pengeran ingdalem perwatekan ingkang pribadi.
Para rawuh ingkang minulya…..
Lajeng pripun
surasanipun ketakwaan ingkang manggen dateng ruang lingkup sosial
kemasyarakatan. Ingdalem kaitanipun kaliyan ibadah kurban, segi kemasyarakatan
dados punjeripun sifat ketakwaan ingkang langkung gati lan gumati. Sak
sampunipun piyantun muslim kurban mawi dipun leksanaaken piyambak utawi dipun
pasrahaken dumateng tiyang lintu ingdalem tata cara lan penyerahanipun daging
kurban dateng kaum ingkang berhak mangka kedah dipun paringaken kanti nocoki
sifat keadilan. Allah taa’la sampun paring dawuh ingdalem sifat adil ingkang
bakal nuju dateng ketakwaan kala wau.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا قَوَّامِينَ لِلَّهِ شُهَدَاءَ
بِالْقِسْطِ ۖ وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَآنُ قَوْمٍ عَلَىٰ أَلَّا تَعْدِلُوا ۚ
اعْدِلُوا هُوَ أَقْرَبُ لِلتَّقْوَىٰ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ
خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Artosipun :
“Hai wong-wong kang pada iman, dadio sira kabeh wong
kang ngedeake kebenaran kerana Allah lan dadi saksi kang Adil. Lan aja getinge
sira marang siji kaum dadiake sira ora adil. Adila sira kabeh utawi adil iku
luwih parek marang ketakwaan. Lan wdia marang Allah setuhune Allah iku maha
ngudaweni marang apa kang sira agawe”.
Ayat menika
nuduhaken mbok bilih sifat ingkang adil dados salah setunggaling piranti pinuju
dateng ketakwaan sami kaliyan ingkang dipun tuntut ingdalem ibadah kurban. Ing
wusana kurban kedah dados sarana menuju ketakwaan kedah dipun uba rampi kaliyan
pembagian ingkang adil. Sifat adil saking ayat menika anggadahi makna mbok
bilih adil dipun jejekaken kaliyan ngempet saking sifat berat sebelah, gunjing,
ngrumiyenaken kepentingan pribadi utawi golonganipun. Awit fenomena ingkang
wonten dateng kejadian-kejadian pembagian daging kurban nuduhaken sifat berat
sebelah menika. Piyantun-piyantun ingkang wonten dateng sekitaripun elit
penyembelihan kurban tansah pikantuk fasilitas lan peparingan ingkang
berlebihan tanpa merhatosaken dumateng tiyang ingkang langkung berhak.
Penyebaran daging ingkang mboten merata dadosaken ibadah kurban dipun ubengi
kaliyan sifat ingkang mboten adil. Langkung-langkung nuju dateng ketakwaan. Sak
wangsulipun ibadah kurban dadosaken peristiwa ingkang ngundang keprihatinan
dumateng bagian masyarakat ingkang langkung berhak. Lajeng kesah-kesuhipun
masyarakat dados ukuran milang ibadah menika mboten saged nuju dateng
sasaranipun. Fenomena menika dados peristiwa ingkang merata ing kiwa-tengen
kula penjenegan sami. Langkung-langkung wonten tiyang ingkang tansah merdi-merdi
anggenipun saged ngleksanaaken kurban kanti rerakitan nyuwun dumateng kelompok
lintu supados kurban dateng piyambakipun mawi kathah cara.
Al-hasil ibadah
kurban menika dados ibadah ingkang dipun leksanaaken kanti ngendap-ngendap lan
samar-samar ingdalem pranata ingkang kedah dipun leksanaaken kanti cara ingkang
transparan lan terbuka. Sahingga mboten anggadahi labet dateng asas pemerataan
lan mbela dateng kepentinganipun tiyang ingkang tuna.
Para rawuh ingkang
minulya…..
Ibadah kurban
ingkang sampun dipun cawisaken menika angadahi tujuan nggiaraken sifat
keagunganipun Allah SWT. Kanti ucapan لتكبروا الله على ما
هداكم وبشر المحسنين supaya sira kabeh ngegungake marang Allah kang paring pituduh marang sira.
Sak sampunipun Allah ta’ala paring pituduh kurban dumateng kita sedaya, mangka
sampun dados kewajiban kula sedaya maos kalimah talbiyah ingkang
ngestuaken dawuh kala wau. Ananging mbok bilik kula panjenengan sedaya ibadah
kurban kanti cara ingkang nebihaken dateng tujuanipun, persasat ibadah kita
nyedaki dateng bendunipun Allah ta’ala lan nebihi dateng sifat welasipun.
Kanti menika,
mangga kita tansah ngudaweni dateng ibadah kurban kula panjenengan sami kanti
harapan dipun trimahipun kurban kita kalebet tiyang ingkang dipun paringi kabar
bebungah kanti rida lan panggenan suwarganipun Allah SWT.
بارك الله لى ولكم فى القرآن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر
الحكيم وتقبل الله منى ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم************.
الحَمْدُ ِللهِ الَّذِى تَتِمُّ الصَّالِحَاتِ، وَأَشْهَدُ أَنْ
لا إِلهَ إِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ اتَّقُوْا اللهَ أُوْصِيْكُمْ
وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ
قال الله تعالى : إِذَا جَآءَ نَصْرُ اللهِ وَالفَتْحُ وَرَأَيْتَ النَّاسَ
يَدْخُلُوْنَ فِى دِيْنِ اللهِ أَفْوَاجًا فَسَبِّحْ ِبحَمْدِ رَبِّكَ
وَاسْتَغْفِرْهُ إِنَّهُ كَانَ
تَوَّابًا..........................................................................
إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهَااَّلذِيْنَ
آمَنُوْ ا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى
سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وعلى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى
سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِي العَالَمِيْنَ
إِنَّكَ حَمِيْدٌ َجِيْدٌ.
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ
وَالمُؤْمِنَاتِ الأحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ
مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَقَاضِيْ الحَاجَاتِ وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ
وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ،
اللّهُمَّ لا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لايَخَافُكَ وَلا يَرْحَمُنَا، اللّهُمَّ
انْصُرِ المُجَاهِدِيْنَ الَّذِيْنَ يُجَاهِدُوْنَ فِي سَبِيْلِكَ فِي كُلِّ
زَمَانٍ وَمَكَانٍ، اللّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ دِيْنَكَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ
دِيْنَكَ، اللّهُمَّ أَعِزَّ الإسْلامَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَذِّلَّ الشِّرْكَ
وَالمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَانْصُرْ عِبَادَكَ
المُؤْمِنِيْنَ، رَبَّنَا لاتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ
لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّاب رَبَّنَا آتِنَا فِي
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَاب
النَّاَر.........................................................................
عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإ حْسَانِ وَاِيْتَآءِ ذِيْ
القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُمْ
لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ
وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكَمْ
وَلَذِكْرُ اللهِ اكْبرَ.