Selasa, 22 Januari 2013

khutbah jumat



الحمد لله الذي رفع من أراد به خيرا بالعلم والإيمان ، وخذل المعرضين عن الهدى وعرضهم لكل هلاك وهوان . وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له ، الكريم المنان ، وأشهد أن محمدا عبده ورسوله الذي كمل الله له الفضائل والحسن والإحسان ، اللهم صل وسلم على محمد وعلى آله وأصحابه والتابعين لهم مدى الزمان . أما بعد، فياأيها المسلمون أوصيكم وإياي بتقوى الله عز وجل والتَّمَسُّكِ بهذا الدِّين تَمَسُّكًا قَوِيًّا. فقال الله تعالى في كتابه الكريم، أعوذ بالله من الشيطان الرجيم “يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Para rawuh sidang jumat ingkang berbahagia
Mangga kita tansah ningkatan pengabdian kita dumateng Allah subhanahu wataala sarana taqwa ingkang sak leres-leresipun. Inggih punika nglampahi perintah lan nebihi laranganipun kanti ilmu ingkang dipun warisaken para Nabi dumateng para ulama kanthi dasaring iman dumateng Allah SWT.
Para rawuh ingkang minulya.....
Wulan ramadan sampun purna anggenipun tepung dumatneg kita sedaya. Purnaning wulan mulya puniko dipun pungkasi kanthi rahayuning manah mawi riyaya, riyaya Idul Fitri.  Ing wusana lebaripun dipun pengeti kanthi perayaan manasuka. Ingdalem umumipun, para manungsa sanget anggenipun ngajeng-ngajeng kawontenan keberhasilan lan kemenangan. Mbok bilih kekarepan punika kawujud lajeng dipun ikraraken kanti perayaan ingkang tansah sinuba ing sukarenanipun penggalih. Ananging kawontenan punika dipun raos beda kalian Abu Bakar Ash-Shiddiq r.a. Nalika kanjeng Nabi maosaken surat al-Maidah ayat 3

الْيَوْمَ أَكْمَلْتُ لَكُمْ دِينَكُمْ وَأَتْمَمْتُ عَلَيْكُمْ نِعْمَتِي وَرَضِيتُ لَكُمُ الْإِسْلَامَ دِينًا
‘Ing dina iki nyampurnaakake ingsun ing agama sira kabeh lan nyampurnaake ingsun ing nikmat ingsun marang sira kabeh lan ingsun ridla isalam dadi agama sira kabeh”.
Ayat menika tumurun dateng kanjeng Nabi sak antawis uswanipun 81 dinten dumugi sedanipun. Ingdalem nalika kanjeng nabi maosaken ayat punika dumateng para sahabat lajeng tinukul raos bungah ingkang sanget jalaran purnanipun syariat lan sampurnanipun risalah kenabian. Ingdalem wekdal sanes, Abu Bakar nrimah pawartos sanes dumateng kawontenan punika. Mungguhipun panjenenganipun kasampurnan cedak kalih tumekanipun sirna. Jalaran kawontenan ingkang mboten dipun sumerapi tiyang sanes, panjenenganipun nampi raos susah, sumelang lan tuna anggenipun mangertosi mangsa pegot ingkang cedak. Kamangka sisah lan getun tuna menika jalaraken mular lan tumetesing toya-netra ingkang sanget. Jangkep anggenipun nandang belasungkawa menika lajeng panjenenganipun mangertosi mbok bilih mangsa pisahan dumateng kanjeng Nabi – kekasih sekaligus sahabat karib ingdalem perjuangan – sampun sak antawis cedak. Isyarah menika andadosaken landeping raos-manah nampi perkawis ingdalem kawontenan barang kasar. Ananging pinampi raos beda kalian tiyang-tiyang sanes jalaran antepin iman ingkang manggen dateng dadanipun Abu Bakar.
Para rawuh ingkang minulya.....
Kathah manungsa ingkang kabujuk kalian perkawis dzahir kang nirwaake. Kamangka sejati lan tutukipun perkawis kalawau mboten nuduhaken dumateng makna ingkang kasat belaka. Ingdalem setunggal umpami, wontenipun tiyang ingkang nandang gerah sanget, ingdalem sakwedal kados nuduhaken anggenipun dangan lan waras. Ananging sak wangsulipun menika dados kasunyatan anggenipun nuduhaken tetenger saweg tilar dunya.
Para rawuh ingkang minulya.....
Kathah tiyang ingkang mboten mangertosi isyarah ingkang lembut menika. Sakwangsulipun larut ingdalem kesenangan lahiriyah belaka. Ingdalem segi ingkang sanes, kawontenan punika tinular dumateng putra kita sedaya ingkang saweg purna anggenipun luru ilmu. Gebyaraken sedaya keremenan kanti berfoya-foya. Ingdalem kawontenan sejatosipun nembe nandang kesusahan ingkang ageng. Inggih punika tuna lan getun mboten saged ngestuaken ilmu ingkang migunani dumateng sedaya manungsa sapada. Menika dipun wilang idza tamma amru bada naqsuhu. Nalikane samubarang iku sampurna bakal katatrapan ala lan celane.
Para rawuh ingkang minulya.....
Sedaya ayat al Quran dados pepeling daten sedaya gesang kita. Ingdalem maksud bilih sedaya polah lan pradah menika kedah dipun landasi saking ruh lan galihipun siyam ingkang anggadahi makna ngeker. Ngeker dateng sedaya tingkah lan perilaku ingkang nurut dateng nafsu saking hawanipun. Mbok bilih kita sami dados pedagang kedah siyam ingdalem makna nebihi nyuda taker lan timbangan lacut. Mbok bilih kita dados pengarep kedah siyam ingdalem makna ngeker saking sifat kepemimpinan ingkang korup. Mbok bilih kita kita dados guru kedah siyam ingdalem makna ngeker saking nyuda hakipun murid. Mbok bilih kita dados guru ngaji kedah siyam ingdalem makna ngeker saking cidera lan sifat blenjani janji. Menika dipun wilang pasa sepanjang masa. Jalaran siyam lan hakikatipun mboten pegot ingdalem wekdal tartamtu. Ananging nyumrambahi dateng sedaya mangsa gesang kita sebagai individu, masyarakat, lan peradaban. Ingdalem tataran menika mboten nggawoaken bilih ramadan menika dados ukuran lan takeran umatipun kanjeng nabi krentek siyam ing sedaya mangsa.
لَوْ تَعْلَمُ أُمَّتِيْ مَا فِيْ رَمَضَانَ لَتَمَّنَوْا أَنْ تَكُوْنَ السَّنَةُ كُلُّهَا رَمَضَانَ
Lamun umat ingsun ngaweruhi apa kang ana ingdalem wulan ramadan, yekti ngarep-ngarep sekabehane tahun dadi wulan ramadan.
Jalaran nemu hakikatipun pasa bakal pinaring buka ingkang agung inggih punika buka ingdalem pinaring rida ingkang arupi suwarganipun Allah SWT. Ingdalem perbandingan nikmat ing akhirat menika ageng sanget mbok bilih dipun taker kalian nikmat ingdalem dunya kang sethitik. Pasa syariat namung sebahagian saking siyam kanthi makna hakikat. Pasa syariat dipun wajibaken ingdalem wulan Ramadan. Ananging Pasa hakikat dipun wajibaken ingdalem sedaya mangsa. Keranten pasa ngeker hawa nafsu mboten wonten watesipun.
Para rawuh ingkang minulya.....
Mugi-mugi menika dados renungan kita sedaya anggenipun nglampahi siyam ingdalem tata syariat mawi hakikatipun. Ananging ingdalem sak bibaripun Ramadan taksih kathah ramadan ingkang sanes. Ateges ramadan ingkang dipun maksud jangkepi seja ingdalem jalma ingkang mangertosi hakikatipun. Jalaran sedaya kawilujengan sejati kawiwit saking hakikat pasa. Lan dinten riyaya njangkepi dateng sedaya hakikatipun pasa ingdalem sedaya mangsa. Pasa selawase tansah dipun iringi riyaya ingkang selawase ugi.
Sarana pasa ingdalem makna syariat lan hakikatipun, mugi-mugi dados tujuan kita sedaya kinabulan istijabah kanti kawontenan pinaring kebungahan riyaya sowan tinatap Dzat Allah SWT. Amin...
وَأَنْفِقُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَلَا تُلْقُوا بِأَيْدِيكُمْ إِلَى التَّهْلُكَةِ وَأَحْسِنُوا إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ
بارك الله لى ولكم فى القرآن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل الله منى ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم************.
الحَمْدُ ِللهِ الَّذِى تَتِمُّ الصَّالِحَاتِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لا إِلهَ إِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ اتَّقُوْا اللهَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ
قال الله تعالى : إِذَا جَآءَ نَصْرُ اللهِ وَالفَتْحُ وَرَأَيْتَ النَّاسَ يَدْخُلُوْنَ فِى دِيْنِ اللهِ أَفْوَاجًا فَسَبِّحْ ِبحَمْدِ رَبِّكَ وَاسْتَغْفِرْهُ إِنَّهُ كَانَ تَوَّابًا..........................................................................
إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهَااَّلذِيْنَ آمَنُوْ ا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وعلى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ َجِيْدٌ.
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ الأحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَقَاضِيْ الحَاجَاتِ وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ، اللّهُمَّ لا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لايَخَافُكَ وَلا يَرْحَمُنَا، اللّهُمَّ انْصُرِ المُجَاهِدِيْنَ الَّذِيْنَ يُجَاهِدُوْنَ فِي سَبِيْلِكَ فِي كُلِّ زَمَانٍ وَمَكَانٍ، اللّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ دِيْنَكَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ دِيْنَكَ، اللّهُمَّ أَعِزَّ الإسْلامَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَذِّلَّ الشِّرْكَ وَالمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَانْصُرْ عِبَادَكَ المُؤْمِنِيْنَ، رَبَّنَا لاتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّاب رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةًوَقِنَاعَذَاب النَّاَر.........................................................................
عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإ حْسَانِ وَاِيْتَآءِ ذِيْ القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكَمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اكْبرَ..